Monday, September 17, 2012

GEGURITAN "JAMAN" dening Muhammad Yamin


Jaman

Jaman gègèr aku ngungsi ketèwèr-tèwèr
ndhelik sor ngèmpèr
ngerti-ngerti ketiban gèntèr
alah bapak balung saté
uripku ijèn-ijènan
nong-ning, nong nèng, nong ning, nèng nung

Rekasane urip jaman gègèr
ati ora jenjem mangan ora tentrem
turu ora bisa merem
pating jledhor bedhil mriyem
oh, Paiyem..Paiyem, bojoku sing mati kaliren
bubar nglairké anak wadon nalika perang ramé
mula bocah wadon mau dakjenengaké "Ramé"

Oh, Ramé Ramé kowé sakiki wis genti duwé
anak cacah lima semega-mega
urip jaman merdika enaké apa-apa ana
kliwat édan dadi brandhalan
ombèn-ombèn, mabuk-mabukan
tan ngerti bedhahing kamardikan

Aku tumbaling putuku
lelabuhan jebul aji watu
saiki jaman maju
apa-apa kolu
jaman mau wong urip sarwa kesusu
mlebu metu nèng hotel nyandhing wong ayu
lah bapak ra ngerti saru
sing nèng ngomah padha padu

Damèn-damèn, pari-pari
biyèn-biyèn, saiki-saiki
o, slamet-slamet
jamané bundhet ruwet
ora eling labuh labet

"E, Bocah-bocah... jaman rongèwu nèng ngarepmu. Mangsa borong, nèng
pundhakmu jaman dadi abang biru.
Aku ora ngaru siku, wis, simbah turu."
(Déning Muhammad Yamin./ Pengilon/;Antologi Geguritan FKY)

No comments:

Post a Comment